Pakurmatan Iki, Yayi
Dening Saras Nala
Saupama keconggah,dak papanke dhadhaku kanggo ngumbar tangismu.
Melu ngrasa sajeroning wening, meper kangen kang tansah kroncalan dak simpen ana telenging ati, yagene sliramu isih durung ngerti, yayi?
Ana swara nakal sajeroning nyenyet, rikuh mbisiki olehku ngruket, yagene lathiku kok geget?
Ponorogo, Nopember 2010